Pengarang :A.S. Yaman
Penerbit : Panjebar SemangatTahun terbit : 2013
Tempat terbit : Surabaya
Rangkuman :
Jenenge sing asli wiwit cilik Sunarto, meh ngembari asmane Sunarko Budiman sing ngesuhi sanggar sastra Triwida. Tangga teparo marabi dheweke Narto Sodrun, ana uga sing nyeluk Narto gemblung awit nduweni pakulinan kang ora lumrah. Contone wis anak-anak ngancik mlebu SMP Narto isih seneng dolanan kenekeran lan layangan. Nganti saiki dadi lurah meh setaun warga kampung yen ngundang utawa sapa aruh ya njangkar, ora ngundang jenenge seng asli. Dipilih dadi lurah kanggo nggenteni kelungguhane bapake sing wis kapundhut gusti. Sadurunge lungguh dadi lurah, nalika kampanye kabeh ngumandhangake misi lan visine kanggo narik simpati masyarakat lan golek dhukungan supaya bisa kasil menang. Ing sela selane keplok mawurahan saka para tamu undangan, Darpo sing melu teka ngacungake drijine. Percuma mbayar pajeg saben taun yen wis nglumpuk njur dikemplang gayus gayus liyane sing ora konangan KPK. Keserang ama nggih mboten wonten ing kang cawe cawe tumut urun mrantasi. Mas Sodrun mung ngguyu nggleges ora aweh wangsulan. Sakdurunge dina pahargyan coblosan wengi kuwi watara jam sepuluh ana dhayoh, ancase aweh bebungah. Aku manthuk sumanggem karo ngaturake kesuwun marang tim sukses mau. Lah ngarepake jam lima esuk bubar subuh ana kiriman bingkisan rokok dunhil limang bos karo amplop.
Pepeling: urip kudu sederhana wong ora ndelok saka penampilanmu nanging ndelok saka atimu.